Selasa, 15 Agustus 2017

Pidato bahasa jawa

Assalammualaikum Wr. Wb.
Dhumateng Bu Yeni ingkang kula urmati, lan rencang rencang kula kelas xi ipa 7 ingkang kula tresnani.
Ingkang sepisan , monggo kita sareng – sareng ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah ingkang maha agung, ingkang sampun maringi rahmat, taufik lan hidayahipun, saengga kita sedaya saged makempal teng mriki kanthi sehat wal’afiyat.
Sholawat saha salam mugi tansah pinaringan dhumateng junjungan kita, panutanan kita Nabi agung Muhammad SAW, kaliyan keluargane, sahabate, lan kita sedoyo selaku umatipun ngantos akhir zaman. Aamiin Yaa Robbal’alamiin.
Tepangake nami kula Fitrani Hanindya N, absen 14 badhe nyampeake sesorah ingkang temanipun yiku “ Resik lingkunganku”.
Kanaca kanca ingkang kula tresnani
Kados menapa ingkang sampun kita ngerteni maenawi akhir-akhir iki bencana akeh banget nimpa bangsa kita umpamane yaiku ana banjir, tanah longsor, kobongan alas, lan wabah penyakit ingkang bahaya lan sapanunggale.
Kita kabeh wis ngerti menawi bencana kuwi sampun dadi Kersaning Gusti Ingka Maha Kwasa. Ananging bahaya sekang bencana kuwi ugi bisa amarga kita kabeh kirang preduli marang lingkungan ing sekitar kita.
Kanca kanca ingkang kula tresnani
kita kabeh wis ngerti menawi lingkungan kuwi kudu kita jagi bareng – bareng, supaya nopo ? supaya bisa langgeng sahingga nggawe sopo wae sing manggon ning lingkungan niku pada ngrasake asri, ayem, lan tentrem. Nanging apa sing wis kita lakoni mau wis bisa njaga lingkungan sekitar ? apa malah sewalike , akeh wong sing ngrusak lingkungan sekitar kita kanthi tumindak sing mboten apik ?  conthone yaiku mbuwang sampan ora ning tempate, utawi nebang tanduran ning ngalas lan ora preduli yen perbuatane bisa mbebayani kanggo pribadine dhewe ugi wong liya.
Masa sing apik iki, monggo kita gunakake kanggo maringi pengertosan, maring piwucalan, lan maringi wejangan supaya anak – anak lan remaja utawa sapa bae bisa nduweni sikap remen lan tresna maring lingkungan sekitar uatawi kanthi bahasa indonesia kita aturaken “ Cinta Lingkungan”. Cara paring pangertosan ugi wejangan marang generasi penerus bangsa bisa kita ringkes kanthi 3 babagan yaiku :
1.      Keresikan.
Nek remaja saiki biyasa ndeleng lingkungan sing resik, dheweke mesti ora seneng nek ndeleng lingkungan sing reged. Mula kita kabeh kudu ngawehi contho sing apik, yaiku kita kudu mbuwang sampah nang tempate, kita kudu mbiyasani urip resik ning ngendhi bae.
2.      Nanem taneman
Kanthi nanem siji wit, mula kita kabeh sampun ikut mbiantu lingkungan sing gesang. Kita kudu ngajak sing liyane kanggo ndeleng proses nanem taneman. Saking bibit nganti dadi bunga atawa buah. Saking pendidikan kuwi, mula remaja sing liyane dadi nduwe kepenginan kangge nanaem taneman ning lingkungan sekitare. Saengga, nek wit witane akeh, mula lingkungan dadi seger.
3.      Ngirit energi
Ingkang terakhir yaiku ngirit energi. Ngirit energi bisa dadi salah sijine cara ngatasi lingkungan gesang. Biyasaken mateni kra, lampu, lan barang barang elektronik liyane sing wis ora dinggo. Menawi kita lunga ing panggenan sing mandan cedhak, usahake mboten nganggo montor. Mlaku uatawi numpak pit onthel luwih apik amargi badane dadi sehat lan kita bisa ngirit ongkos.
Kanca kanca sing tak tresnani
telu perkara sing wis tak aturaken mau, mugi bisa kita lakukaken ning ngendi bae. Kanthi kita nglakoni telu perkara mau, kita sampun njaga lingkungan gesang utawi “lingkungan urip”  kita. Mugi – mugi, kita bisa dadi generasi penerus bangsa sing cinta lingkungan.
Cekap sementen ingkang saged kula aturaken, mbok bilih wonten klenta-klentunipun kulo nyuwun pangapunten.
Wabilahitaufik Walhidyah,
Wassalammualaikum Wr. Wb.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar